Senin, 01 Oktober 2012

Saiki sing tak rasakke


Aku wis kuliah 4 tahun luwih 2 sasi neng rung lulus, normal sih sakjane nek didelok track record e neng mesin UGM. Tapi yo tetep wae kanca-kancaku wis lumayan okeh le lulus, dietung-etung wis meh seprapate, meh 30 lah. Nek ditimeline ke, aku ki ngene, target ojo ngasi mlebu semester 10, cukup semester 9 tok. Dadi yo skripsiku kudu rampung maksimal akhir januari, njuk ndang ndaftar pendadaran nggo februari. Nek kui iso brarti aku wis aman, maret wis ketung lulus dadi ra perlu registrasi arepo rung wisuda. Nah kui mau ideale yo ra, tapi ngene cah, kondisiku saiki isih rung KP, ncen nyesek kok nek nyritakke kisah KP ku kok nganti yah mene rung sido2.

Ngene tak critakke sitik wae, dadi pengenku biyen ki KP pas februari 2012 pas prei semesteran dadi ra mbolos, aku eman-eman pas dijaki koncoku bulan novemberan biyen.  Nah bulan januari nan poyo nek ra salah ki ono info, aku kudu melu acara seko Indofood camp neng magelang, dan kui tanggale itungane isih tanggal KP sik dijaki koncoku (bolang dan heri) dadine aku tep milih sik neng magelang soale piye2 pikirku wektu kui, KP isih iso sesuk2 dan sik neng magelang kui acara sik ono sangkut paute karo beasiswa. Yowis piye meneh. Rasido februari. Njuk iki meneh bulan maret nganti juni ki iso padet ngepol. Maret nyiapke nggo lomba robot bulan april trus jane meh mei tapi wis telat ngurus, nek meh mei yo kudune nguruse bulan2 sedurunge. Trus juni ono acara jugak sik ra kalah penting. Pokokmen bulan2 kui aku kudu milih ora KP sik. Nah, trus ngerti dewe juli ki UAS, njuk agustus poso, peluang paling ketok yo September. Pas tak hubungi meneh mase sik nawari KP neng Jakarta kui jebul aku kudu KP rong sasi. Manteb cah. Batinku yo wah ra mungkin aku 2 sasi ninggalke TA, neng Jakarta meneh. Yo wis rasido meneh. September aku mulai golek2, prioritasku sesasi trus neng jogja, dadi iso wira-wiri ngelab nggo TA barang. Ketemu siji neng pabrik susu, tapi jebul yo ditolak goro2ne kono njaluke yo rong sasi. Yo nasib. Tekan saiki isih during cetho aku KP neng ndi, tapi mugo2 iso sik iki neng bengkel sepur bekase KP koncoku biyen yoan. Mugo2 wae cocok, amin.

Trus iki, wis lumayan suwe aku loro. Wis ketung sesasian ket bar poso. Ono hubungane karo pencernaan le ceto. Ncen sih aku duwe riwayat tipes, tapi yo mbuh rung dong. Le jelas marai kerjo ku raiso maksimal, gampang mumet trus awake panas. Sempet nganti muntah parah bengi2. Tak akoni aku ki raiso ngrawat awakku dewe. Pas loro le sambat sak pol e, pas sehat sakpenake.

Aku pengen sehat ben ndang iso nggarap kabeh sik kudu tak garap. Aku pengen koyo awakku sik disik. Eling pas jamane isih mbengkel mben dino nganti lali mangan, lali turu, arang adus tapi tetep sehat. Duh Gusti paringono sehat :(